Kamis, 27 Juni 2013

Syair kematian

Ya allah gusti kulo memuji
Marang allah kang moho suci
Katah konco kang podo lali
Marang allah kang mung siji

Poro konco kulo sedoyo
Jaler istri enom lan tuwo
Mumpung isih ing alam donyo
Marang allah podo elingo

Elingo yen ono timbalan
Ora keno nganggo wakilan
Timbalane kang moho kuwoso
Gelem ora bakale lungo

Disalini mori putih
Yen wes budal ora biso mulih
Tompakane kreto bandoso
Lan rodane poro menungso

Jujukane omah guwo
Tanpo bantal tanpo kloso
Omahe ora ono lawange
Turu dewe ra ono kancane

Diurugi lemah anjang
Yen diurug disiram kembang
Tonggo konco podo nyawang
Karo nangis koyo tembang 

                                                      by :  Prabu Agung Algayed

===( SEMOGA BERMANFAAT )===

Tidak ada komentar:

Posting Komentar